Ndika mbiyen lunga pamitan
Oleh kerja ana ing Batam
Tak untabke ana ing pelabuhan
Tanjung mas kutho Semarang
Ndika Lunga ninggalke janji
Bakal tansah setyaning ati
Mula aku mung tansah ngenteni
Ngantiya tekan saiki
REFF:
Aku isih eling kandamu
Nalika ing wektu iku
Rong tahun tunggunen aku
Tresnaku mung sliramu
Tanjung Mas daddi seksi bisu
Janji setyamu mring aku
Tak tunggu tak antu-antu
Rinten kalawan dalu
Bungah banget rasaning atiku
Ndika kondur matur wong tuaku
Katekan apa kang dadi sedyaku
Sumanding karo ndika katresnanku
Klaten,Medio Juli 2008
Aris GP
Comments
Post new comment