Kesandung Tresna - Lirik Dan Lagu By Aris

Sunare mbulan ketutupan mendung
Lintang wae kok yo sesingidan
Atiku saiki yo lagi bingung
Kesandung tresna kapiluting rasa

Sunare lintang ketutupan mendung
lha dalah mendung ketiup angin
Atiku saiki yo lagi bingung
Tansah kelingan kang merak ati

Reff:
Rina wengi amung tansah nggoda
Sejatine wis ora kuwawa
Ngampah rasa kang saya ngrembaka
Sajroning ati kang nyiksa sukma

Tekaning sumiliring samirono
Ing wayah angsluping bagaskoro
Tulung kandakno kangen sing tak roso
Marang dheweke ingkang sun tresno

Duh.....nimas ayu pepujan atiku
Tak sesuwun rinten kalawan dalu
Muga katekan sedyaning atiku
Enggal sumanding sliramu wong ayu

Karya : Aris

Comments

Post new comment

  • Allowed HTML tags: <a> <em> <strong> <cite> <code> <ul> <ol> <li> <dl> <dt> <dd> <br>
  • Lines and paragraphs break automatically.
  • Links to specified hosts will have a rel="nofollow" added to them.

More information about formatting options

CAPTCHA
Kerjakan soal matematika ini apabila anda ingin memberi komentar untuk mengetahui apakah anda manusia atau robot!
2 + 15 =
Solve this simple math problem and enter the result. E.g. for 1+3, enter 4.